Sabtu, 21 Agustus 2010

Kidunge Putrolelono

Kidunge Putro Lelono

Diajeng...............
Bengi iki sumiyuting angin...kang koyo playuning jemparing
agawe kekesing ati...anambahi girising wanci.
Dene kumlawening gending kang paring piweling
soyo agawe telesing waspo...anambahi kalising rasa

Diajeng................
Tresnaku kang mung siji iki...tak jaga kanti titi lan premati
rinengga kalawan setyaning lathi
tulusing ati...iklasing pakarti...

Dene sambang liriking netro...kang tansah dadi kumejoting ati
sarta lambang paringaning astamu...kang dadi panglipuring ati
kinantio dadi pangesti...lestari ing tembe mburi...

Yo, mung sliramu diajeng
wanita gegantilaning ati
kang tansah dak kanteni
lan dak impi...rino kalawan wengi...


Diajeng....
Naliko wancining bengi wis tumekaning ratri,
pirengno panangising suling,
piarsakno penjeriting genjring,
pitakokno parikaning gending,
saka putro lelono kang nandang sihing panalongso,
nyandang isining pangrasa,
nyabrang ilining panarima...

Anggayuh mring luhuring sukma
sucining rasa...sipating satria
angupadi mring sejatining tirto,
santosaning cipto...sampurnaning brata..

Anggraita mring wewayanganing manungsa,
wasesaning panguwasa...wewakilaning kawula

Angopeni mring omahe nyawa,
owahing hawa...dohing jiwa
kanti prihatining raga...ilaning karsa...talining waskita

Yo lumaraping urip,
lamparaning nasib,
lampahing gaib......
Salumahing bawono kang kebak reka arerupaning warna....

Duh, diajeng ayu...........elingno
baya kapan lara lapa iki enggal oncat...
saka ati kang semplak....
kang kebak rasa ing panalangsa.....



tugurejo,kemis malemjum'at tabuh siji
" ndok "